Rabu, 26 Desember 2012

CERPEN BAHASA JAWA



SEPISAN LAN PUNGKASAN
Wektu kuwi aku lagi muggah kelas 5. Nalika mlebu kelas, ana murid anyaran lanang sing teka saka papan adoh. Nanging murid anyar kuwi ora biyasa. Dheweke duwe cacat awak. Sikile sengkleh siji sing tengen, awake gering, lan rambute rada arang, nyaris gundul. Pokoke mesakake banget perawakane.
Ing dina sepisan muggah kelas kuwi, Bu Guru ndawuhi saben murid kanggo ngenalkake awake dhewe-dhewe ing ngarep kelas.. saiki gilirane cah anyaran lanang mau ngenalkake awake. Dheweke digeguyu kanca-kanca liyane, kelas dadi rame, bocah-bocah padha cekakakan. Bu Puji, wali kelasku ndawuhi murid-murid meneng. Nanging yo dasare bocah tetep ora bisa meneng, bocah-bocah ngempet ngguyu nganti rupane abang. Maksude kareben ora diseneni Bu Guru.
Mlakune cah anyaran mau nagnti keseret-seret. Wektu dheweke ngadek sikile gemeter. Ing ngarep kelas, banjur dheweke ngenalke awake.
” Je . . jeneng . . jenengku . . Yasin ” jarene gagap. ” A . . aku . . sa . . saka . . ess . . SLB Pandak .”
Kanca-kanca sing awit mau ngempet ngguyu, dadi ribut. Sanajan mengkono anggone Yasin ngomong tetep diteruske. Ana rasa mesakake sumelip ing atiku.
Yasin mesti mangkat paling gasik ning sekolah. Sesuk esuk, pas Yasin lagi mlaku karo nggawa buku saktumpuk, sikile disandung karo kancaku sing gaweane ngenyek Yasin. Dheweke tiba, bukune morak-marik ning jubin. Atiku trataban weruh kedadean kuwi. Ora ana sij-sijia kancaku sing arep nulungi Yasin. Malah padha nggeguyu, ana sing mung ndeloki kanthi rasa jijik. Aku langsung ngadek, aku arep nulungi Yasin karo mberesi buku-bukune Yasin sing morak-marik mau. Yasin banjur ngucapkake maturnuwun karo aku, tangane isih ngebut-ngebutke klambine sing reged.
Ing sekolah, Yasin ora nduwe kanca. Kanca-kanca sing lanang malah pada ngenyeki awake Yasin. Ana sing ngenyek nganggo omongan lan ana sing ngenyek karo niru-niru solah bawane Yasin. Nalika kanca-kanca sing wedhok ora gelem cedhak-cedhak karo Yasin. Amarga perawakane Yasin sing cacat mau. Wiwit prastawa pas aku nulungi Yasin, dheweke dadi seneng nyedhaki aku. Yasin wis nganggep aku dadi kancane. Aku yo narima wae, kanggo aku kabeh kuwi kancaku. Aku ora mbeda-bedakake kanca. Nanging aku ora cedhak-cedhak banget karo Yasin, mung kanca biyasa. Soale aku nduwe kanca kenthel dhewe. Aku ora ngerti nek Yasin nganggep aku dudu kanca biyasa. Nganti ing sawijining dina, pas aku lan kanca-kanca kenthelku lagi padha ngumpul, Yasin teka banjur srawung marang aku lan kanca-kanca. Pas aku lan kanca-kanca jajan, yo ditutke karo Yasin. Pokoke ning endi-endi aku lan kanca-kancaku ditutke. Wis ngrasa rak kepenak, aku ngusir Yasin nanging carane alus. Yasin malah saya nyedhaki aku, aku sing lagi sensitif dadi mbentak Yasin. Karo kaget, Adri mlayu mboh ning endi.
Udakara patang wulan sakbanjure kuwi, Yasin wis seminggu ora mlebu sekolah. Aku dadi goreh. Pikiranku ngentha-entha ngapa Adri ora mlebu sekolah nganti seminggu lan ora ana kabar ngenani Yasin.
Bali sekolah, aku sakanca sekelas nggoleki omahe Yasin kanggo mastikake kabare Yasin. Aku lan kanca-kanca njaluk alamat omahe Yasin marang Bu Guru.
Aku lan kanca-kanca mlaku muter-muter nggoleki alamat omahe Yasin. Nganti tekan ing perumahan gedhe. Omah-omahe megah kaya gedung. Banjur dhewe tekan ing ngarep omah sing ora kalah gedhene karo tanggane. Aku ndodog lawang omahe sing gedhe dhuwur saka kayu jati. Ora let suwe, saka njero, ibuke Yasin mbukake lawang. Ibune nduwe paras sing ayu, nanging mripatne kethok bengkak kaya bar nangis. Ibune Adri manggakake dhewe mlebu. Aku sakanca-kanca isih mlengo ndhelok omahe Yasin sing megahe kaya gedung.
Ibune Yasin wis ngerti tekane dhewe arep nakoni Yasin. Karo ngomong mripate mbrambang. Ibune crita nalika wiwit cilik Yasin duwe penyakit sing serius. Wis pirang-pirang kali Yasin nglakoni terapi, karo ngombe obat-obatan saka dokter utawa obat-obatan tradisional kayata jamu. Ibune Yasin nalika crita mandheg sedela, mripate nerawang ing langit-langit omah.
” Wiwit cilik, Adri ora nduwe kanca. Biyasane wong-wong padha ora gelem cedhak-cedhak Yasin amarga perawakane sing cacat. Sanajan mengkno, Yasin ora tau isin utawa ngeluh karo keadaane. Dheweke pengen banget mlebu sekolah umum kanggo nggolek kanca. Sadurunge Yasin sekolah ning SLB. Adri wis ditinggal Bapake wiwit umur 6 taun, gara-gara bapak nduwe penyakit sing padha karo Yasin. ” critane Ibune Yasin, Bu Neli.
”Lha Bu, saiki Yasin ting pundi? ” pitakonku nyela critane Bu Neli. Aku wis ora sabar, atiku wis dagdigdug ora karuan. Pikiranku wis ning endi-endi.
Bu Neli malah nunduk, ” Adri wis nyusul Bapake.” wangsulane Bu Neli. Kanthi rasa ora percaya, aku lan kanca-kanca liyane nangis ing kono. Aku wis ora bisa ngmong apa-apa. Dadi Yasin wis meninggal ? Ngopo cepet banget ? Aku durung sempet njaluk ngapura marang Yasin.
Teka-teka Bu Neli takon, ”Iki ndak Dek Yahya?” Aku manthuk alon. Banjur Bu Neli maringi lipetan kertas saka kantonge. Aku ndredeg.
” Sadurunge lunga, Yasin pesen karo Ibu kareben surat iki diaturake Yahya. Yahya pengen ngucapake maturnuwun amarga Dek Yahya gelem dadi kancane Yasin. Dek Yahya pancen kanca sepisan lan pungkasane Yasin.”
Aku mbuka lipetan kertas mau. Atiku trenyuh, aku nangis sesenggrukan maneh ing kono. Nyatane Yasin isih nganggep aku kancane, malah sahabate.
” Sin, aku njaluk ngapura yo .. .”

2 komentar:

  1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  2. crito nyata po? ngremet atiku tenan. :'(

    BalasHapus